Cakar
Tukang angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido
karo rupane. Apa mula ngono, banjur dandanane mlipis kaya wong
kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur katon rupane bagus. Embuh.
Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi dilebokake, setlikan alus,
nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon cemleret, resik. Wingi
aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune wangi-wangi sithik.
Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane. Rikala wingi
aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan, kena
kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.
Wengi iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan
mung ana ing angkringan. Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus
wis kena dienggo sangu turu. Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah
esuk, srengege munggah urung tekan tengah mbokmenawa aku wis semaput.
Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane angkringan dilawuhi irisan
tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe mung tinggi… eh,
tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa luwe, embuh.
Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk sarapane
wae sing rada bedha.
Arep njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora
oleh pangan. Sangune ora tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa
oleh utangan. Bisa kena dienggo lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku
amung padha. Padha-padha ora dhuwe dhuwit. Mengko malah mundhak bingung
golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi wurung wae anggonku
pepinginan. Wong mung arep turu.
Ceck Ceck Ceck…, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir
sing lagi padha mangan kuwi rombongan seka adoh kang mampir. Lagi
piknik, lan kepingin ngrasakake mangan ana ing angkringan. Menawa wae
ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu. Iki sing teka padha wae.
Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan kene pancen bedha.
Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan. Paling ora,
sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu
Sing mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon
jaman saiki. Kancanane uga bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune
wangi, kaya sandangan sing dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora
tau mlebu londri, nanging menawa liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi.
Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti dikumbahke. Terus saben dinane
kuwi, gaweane ngapa?
Sajakke dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah
sekolahan. Adoh saka rerupan mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan
sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi tuwa ngene bocah kuliahan padha
kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe memanganan enak-enak. Mengko,
menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa nyegah pepinginan,
olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane padha nang
angkringan. Lumrahe ngono.
He he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere.
Proyek, bayarane kok ora genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung
minggu urung oleh bayaran. Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim
dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih untung anak bojo omahe nang ndeso.
Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan arepo mung lawuh janganan
saka kebonan. Walah walah…Iki kok dadi aku grundelan dewe.
Kae, ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik.
Bocahe cilik semrinthil, ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana
angkringan kene. Lha, kendhel tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki
bapak ibune nyedhak marang tukang angkring. Lho lho lho, langsung njupuk
piring banjur njupuki jajanan siji-siji. E… lha, cakare olehe njupuk
kok ya ora siji, loro… njupuke kok ya lima. Apa ya enthek kuwi mengko.
“Om, Om, es jeruk ya Om,” patembunge banjur mlayu rindhik lungguh ana
lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.
Bapak ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk
sega wungkusan papat. Dicekel ana tangane kiwa. ”Pak, piringe pundi
nggih.”
“O, menika Bu, nembe pun betha saking wingking,” banjur
diulungake piring kuwi mau dening si tukang angkringan. Aku ya mung
gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk gorengan papat, sate puyuh papat,
banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe jebul rongpuluh. Wayah
bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan, tak kira
jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus digawa
mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora
kumanan.
Lha kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak
gathekke kiwa tengen, lan sing padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul
ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya rong puluh, nek rombongane papat
apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket lima. Gendheng tenan aku
iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu ngitungi wong padha
memanganan.
Aku ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi
paling. Sajak-sajakke wong ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak
cengengesan. Tak banding-bandingake, arepa nang angkringan, wis ora bisa
diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar gedhe-gedhe ngono rak ya ora
bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe banget. Lha ora pener.
Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane…, bebasan, apa
paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah aku SD.
Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran kang
ora mungkin, sega ngrubung tinggi.
Sing tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak
rungok-rungokake olehe padha guneman ya ora ngomongake sekolahan,
kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar blas. Tembung dosen, apa tugas,
apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora kocap. Dadi menawane ya dudu
bocah kuliahan.
Sing sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak.
Katon nanggapi anake sing lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah
neng sekolahan kang oleh paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing
diukum, dithuthuk tangane ngganggo garisan karo gurune. Manut critane,
gurune pancen rada galak. Bapak ibune manthuk-manthuk nggathekake
criwise anake. Sinambi ora leren anggone memanganan. Barang cakar rong
puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.
Mangane sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak,
apa wong-wong sing jajan nang kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah
dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa isih kena ngono, tak belani
ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti rasane, wis ora kakean
pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku bayaran, tak coba
mangan cakar nang kene. Paling padha wae.
Rombongan sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima.
Lanang telu, wadon loro. Pas teko, aku melu ngitung njupuke cakar seket
lima. Isih tambah neko-neko. Tambah gorengan, tambah krupuk, lan embuh
apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali ana wong liya akeh nang
kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya ora kaget. Biasa
wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak kira isih
rungu kuwi mau.
“He, Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.”
“Jelas, sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana sing nolak diajak Boby dolan, he he he..”
“Terus. Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak jejogetan?”
“Mulane sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa
joget. Nanging, suwe-suwe, tak bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa
tengene ra bakal nggatekake, akhire ya gelem joget. Malah jogete,
wuisss… edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi gelem. Ngomong wae
kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe ngomong ngono
mengko rak wonge gelem.”
“ Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha…”
Lha dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.
Ora krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung.
Biasane malah ora suwi ngene iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep
rampung. Iki mau olehku mangan sajak suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku
kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe. Arep njaluk wedang putih
mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.
“Pinten mas kula, niki segane wau kalih”
“Niki nggih mas, nuwun.
Aku banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis apal regane.
Paimin
“Mas, mas, sampeyan pun dangu mande wonten mriki?”
“Wah, urung suwe-suwe banget Mas. Setengah tahun kira-kira.”
“Nanging nggih laris tha mandene, sajakke sing jajan saben bengi kathah ngoten.”
“Lumayan, kena kanggo ngragati sekolahe anakku sing saiki lagi SD lan mbakyune SMP. Kuwi bocahe saiki padha melu ewang-ewang.”
“Sampeyan lho, saget ngragati anak loro sekolah kok
diarani lumayan. Hebat niku mas. Saking angkringan saget nyekolahke
anak. Mangka sakniki sekolah niku mboten saben tiyang saget sekolah,
mboten saben tiyang saget nyekolahke anak, njenengan saget nyekolahke
anak loro. Malah bisa ngganti SMP. Hebat niku”
“Kuwi rak merga bakulanku iki tha mas, sing tak arani
lumayan. Sing tuku ya lumayan akeh. Olehe badhi ya lumayan akeh. Akeh
tumrap aku bisa kanggo nyekolahke anakku kuwi mau. Kadang isih direwangi
utang, nek ana iuran kana iuran kene ngana kae.”
“Kok nggih niku sing jajan kathah sanget tha, rombongan. Kadose kok sanes mahasiswa sing biasane katelasan sangu.”
“ He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.”
“ He he he he…..Pancen bedha. Kuwi kabeh wong sugih-sugih. Mahasiswa ya mahasiswa sugih. Parane pancen mrene. Lan kuwi ora teka karepe dhewe. Ana carane.”
“ Enggih tha.”
“Lha iya.”
“ Njenengan mesthi nganggo penglaris. Kok ampuh banget penglarise.”
“ Wooo, sampeyan niku. Jaman ngene kok nganggo penglaris. Wis ora empan mas, penglarise uga kudu modern. Kudu nututi jaman.”
Eh, jebul sing duwe angkringan grapyak. Malah crita akeh
banget bab lelakone ana ing kutha kene. Jare dheweke janjane asli
ndesa, Klaten. Klaten sing sisih ndesa, dudu klaten kutha. Pokoke bocah
ndesa.
Nalika durung dhuwe bojo, pancen dheweke sabane kutha.
Jare bedha tenan kahanan ndesa karo kutha. Ndesa sepi. Ora nyenengake
atine. Menawa bengi peteng dhedhet, ora ana lampu. Dheweke kawit cilik
uwis wedi ana ing petengan. Kutha bengi mana tetep padhang jingglang.
Ana rembulan ora ana rembulan tetep padhang. Rumangsa luwih seneng nang
kutha, dheweke dhuwe cita-cita kudu urip nang kutha. Emoh menawa dheweke
urip nang ndesa. Emoh menawa kudu bali menyang ndesane.
Tau, ndisik dheweke kekancan karo bocah wadon, jenenge
Siti. Siti rupane ayu. Dheweke kerja nang warung makan dadi rewang.
Bareng kenal, kekancan, terus Paimin kerep dolan nang ngomahe. Kerepe
esuk karo ngeterke kerja, sebab wayah sore dheweke kudu siap-siap
dodolan.
Srawunge apik. Karo Siti, uga karo keluargane. Nanging,
wayah dheweke dolan, nalika Siti njupuk wedang, Paimin krungu, emake
Siti nakokake dhuwit kontrakan. Ngerti menawa omahe sing dipanggone Siti
lan keluargane isih ngontrak, dheweke kaget. Mikir-mikir. Dheweke mung
tukang angkringan, mengko menawa bebojoan karo Siti mesti kudu ngrewangi
bayari kontrakan. Mangka, tukang akringan kaya dheweke kuwi dienggo
nyukupi urip wae mesti rekasa. Sakwise ngerteni bab omah sing isih
ngontrak kuwi mau, Paimin wis ora tau dolan maneh. Ora gelem.
Diweling-welingake karo Siti, tetep ora digagas. Pokoke wis ora dolan
maneh.
Sawise ora tau ketemu karo Siti. Paimin kenal karo wong
wadon liya. Jenenge Mirna, jeneng kutha. Mesti omahe mung sekitar kene,
mangkana pamikire Paimin. Mirna bocahe manis. Patrape uga nyenengake.
Sumeh. Grapyak. Sawise tetepungan, Paimin banjur sering mangan soto ana
ing warunge. Mirna kuwi mau dadi rewang nang warung kana. Warung Soto
Sederhana. Bocah loro banjur kekancan.
Niteni kapan wayahe warung kuwi ora akeh sing jajan,
Paimin dolan. Mangan Soto. Amarga sing ngladeni Mirna, Paimin menawa
tuku soto daginge akeh, sotone ya akeh, mula Paimin seneng-seneng wae
mangan nang kana. Wayah sepi ora ana sing jajan, Paimin banjur bisa
gegojekan karo Mirna. Paimin njaluk dolan nang ngomahe. Panjaluke kuwi
mau disaguhi karo Mirna. ”Suk Minggu ya mas, sedino nang ngomahku,”
wangsulane. “Ya, suk Minggu,” Semaguhe Paimin. Menawa omahe cedhak kene,
sore aku isih bisa dodolan, pikire.
Dina minggu, esuk jam pitu Paimin teka nang warung kana.
Numpak sepeda motor. Paimin pancen duwe sepeda motor, sanajana wis
katon ora anyar maneh. Kadang-kadang wis ora bisa distater tangan.
Menawa lagi rewel malah gelem mogok. Lamun nggono, kuwi mau wis bisa
dienggo jalaran Paimin rada gembagus.
Warunge bukak. Nanging Mirna jare wis pamitan dina kuwi
ora arep kerja. Marga Paimin arep dolan nang ngomahe. Sing duwe warung
oleh wae Mirna pamit dina kuwi, wong Mirna ya wis suwe ora tau pamit.
Wong ya ora tau lara, ora tau duwe kepentingan. Mlebu kerja terus.
“Ngandi iki arahe menyang omahmu, Na?” pitakone Paimin. “Wis, saiki Mas
Paimin mlaku wae, mrana. Mengko tak abani menawa belak-belok.”
Paimin mlaku alon-alon. Menawa ana belokan Mirna
ngabani. Ngiwa, apa nengen, apa lurus wae. Jebul kok ora tekan-tekan.
Wis adoh banget. Malah arahe kok arah menyang ngomahe Paimin dhewe. Arah
Klaten. “Kok adoh banget. Omahmu ngendi Na?” Jebul omahe Mirna Klaten.
Klaten ndesa. Luwih ndesa dibandingke omahe Paimin. Omahe pucuk gunung.
Pucuk sak pucuk-pucuke. Paimin gela, gela omahe Mirna jebul ndesa, tur
sore mengko Paimin ora bisa dodolan. Bangkrut tenan dina iki.
Omahe Mirna ndesa. Paimin wegah-wegah tenan omah nang
ndesa. Wis dadi cita-citane kawit biyen, dheweke kudu urip nang kutha.
Emoh urip nang ndesa. Kudu urip nang kutha. Menawa oleh bojo wong ndesa,
mesti tiba mburi uripe nang ndesa. Durung menawa mengko kepeneran kudu
nunggu mertua. Kawiwitan dina kuwi, Paimin wis ora tau maneh mangan soto
ana ing Warung Soto Sederhana.
Rada suwe Paimin ora nyedaki bocah wadon maneh. Nganti
sawijine dina, nalika tuku cakar menyang pasar, Paimin kenalan karo
anake sing bakul cakar. Cakar pithik. Barang siji iki pancen akeh sing
seneng. Neka-neka sebabe seneng karo cakar kuwi mau. Paimin ngerti wae,
sebab dheweke sering nakoni uwong-uwong sing padha jajan nang
angkringane, bab ngapa kok seneng mangan cakar. Keneng apa sing jajan
ora kok milih pupu utawa dada. Kuwi rak mestine luwih empuk tur ndaging.
Kaya biasane, Paimin nalika tuku cakar nganggo tetakonan
dhisik karo bakule. Lha wis kenal. Ora pantes menawa ora sapa aruh.
Nah, dina kuwi, bakule cakar kepeneran ngajak anake wedok. Jare anake
kuwi sisan karo arep tuku sabun lan keperluan liyane. Dadi si Inah,
mengkana jenenge anake kuwi mau, melu menyang pasar. Banjur nunggu sisan
emake rampungan olehe dodolan. Bejane Paimin, banjur oleh kenalan.
Bocah wadon anake bakul cakar. Bocahe resik. Kaya makne. Senajan ora
patia ayu. Batine Paimin.
“Nggih sampun Mak, kula wangsul rumiyin. Pun genep tha niki, cakare.”
“ Uwis, uwis. Malahan tak tambahi kuwi mau. Kaya padatan.”
“ Nggih sampun, maturnuwun. Ayo, Nah, sesuk kapan-kapan aku tak dolan,” pangajake Paimin marang Inah.
“ Iya mas,” panyaute Inah sajak semu isin.
Paimin mulih lan ora mikir maneh olehe kenalan karo
Inah. Nganti rada suwe. Ketemu maneh merga nasib. Dina kuwi, kaya
biasane Paimin tuku cakar. Ndilalah dhuwit sing digawa kurang.
Rasan-rasan ketinggal ana neng sak kathok sing dienggo wingi sore.
Paimin pancen ora ngganggo kathok sing dienggo wingi sore. Dheweke ganti
kathok mergo, kathok sing kuwi arep dienggo maneh sore mengko. Dheweke
ora sreg menawa mengko sore pas bakulan ngganggo kathok sing saiki
dienggo.
“Nggih pun Mak, siang mangkih kula terke. Kula
diancer-anceri mawon griyane sampeyan. Lha pripun malih, turene sampeyan
arthane badhe pun ginaaken kangge kulak cakar.”
Awane Paimin budhal menyang omahe sing bakul cakar.
Ngeterke dhuwit. Nang kana ketemu karo si Inah. Ngganti rada sore Paimin
mulih. Kepenaken gegojekan karo Inah. Wiwit dina kuwi, Paimin orao
kerep banget, nanging kadhang-kadhamg dolan menyang omahe Inah. Karo
bapak ibune dikirane bocah loro kuwi padha senengan lan arep bebojoan.
Wong tuwane sajak seneng wae menawa bebojoan kuwi mau kedadean tenan.
Sanajan Paimin ndolani Inah, nanging Paimin ora
seneng-seneng tenan lan ora kepingin banget arep bebojoan karo Inah.
Paimin wis ngerti-ngerti sithik menawa keluargane Inah panguripane ora
susah-susah banget. Cukupan. Sanajan ora asli kutha kene, nanging omahe
wis ora ngontrak. Omah kuwi wis dhuweke dhewe. Anak tunggal maneh.
Mengko menawa bebojoan karo Inah bisa melu omah nang kono. Ora mungkin
ora diolehi, wong Inah kuwi anak siji-sijine. Ndah sepine omah menawa si
Inah lunga melu bojone. Mesti malah dibujuki supaya omah nang kana wae.
Paimin seneng menawa mikir bab kuwi. Nanging atine
durung sreg menawa bebojoan karo Inah. Kurang ayu jare kancane. Paimin,
kanthi rupa kang bisa diarani bagus, isih bisa oleh bojo sing luwih ayu
saka Inah. “Kena dipamer-pamerke,” jare kancane. Paimin manthuk-manthuk
wae. Kepikiran arep nggolek kanca wadon liyane sing luwih ayu. Mengkone
bakal dipek bojo.
Kanthi pikiran kaya mangkana, Paimin nglereni anggone
dolan menyang omahe Inah. Sakwise rong sasi ora dolan, Paimin dadi
golekan. Malah bapake Inah sing nggoleki, dudu Inah. Wayah bapake Inah
nggoleki, nang papan biasane Paimin dodolan, kepasan Paimin lagi wae
leren olehe bakulan. Wis direncanakake dheweke bakalan seminggu ana nang
ngomah. Leren. Nang Klaten. Paimin ora ditemokake karo bapake Inah.
Nang panggonane kang disewa dienggo turu ora ana. Nanging bapake Inah
isih beja diwenehi ngerti alamate omahe Paimin nang Klaten.
Setu awan, nalika Paimin lagi siap-siap bali menyang
kutha anggone bakul angkringan, bapake Inah teka. Bareng tetakonan
ngalor ngidul jebul intine nakokake ngapa kok Paimin ora tau dolan maneh
nang ngomah. Jare digoleki karo si Inah. “Menawa ana masalah mbok
dirembuk apik-apik. Kok mak plas ora ana kabare, kae lho ditakokake karo
Inah,” mangkana tembunge bapake Inah. Paimin mung ngguya ngguyu
mbingungi semu isin.
Dina setu kuwi uga Paimin bali menyang papan panggaweane. Mampir omahe Inah wong olehe budhal bareng karo bapake.
”Saiki kuwi Mas, anaku wis loro,” ujare Paimin ngrampungi ceritane marang pawongan kang jajan ana nagkringane.
Panglaris
“Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan kene?”
Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat
kaget. Sanajan isih sore nanging thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora
teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika ana pawongan neng
ngarep rahine lagi mangan cakar.
“Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.”
“Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas,” pitakone karo ora leren olehe ngrumuti cakar.
“Masak piyambak, Pak.”
“Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti
angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa dadi jalaran ngramekake
angkringanmu iki.”
“Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah tiyang jajan mriki.”
“Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
“Kula, Paimin, Pak.”
“Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit
cilik seneng mangan cakar amarga mangane kudu telaten. Digrumuti
siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik kuwi
ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis
gedhe sikilku bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener.
Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane nukokake lawuh mung sikil pithik
kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti umurku
samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa
arep nemu cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he,”
bapak kuwi mau cerita akeh-akeh karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka nyandange lan tindak tandhuke.
“Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku
wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa dijur alus terus disebarke sekitar
mriki napa pripun?”
“Ha ha ha ha,” bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
“Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris
jamane simbah-simbah. Saiki wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman,”
wangsulane bapake.
“ Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi
mau, bakal tak jlentrehake marang Mas Min. Nanging ora sepisanan wengi
iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko tak jamin
angkringanmu rame. Piye, saguh ora?”
“Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.”
“ Ha ha ha ha,” bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
“Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.”
“Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!”
“Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.”
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh
pitutur marang Paimin. Jare syarate sing sepisanan kudu dilakoni Paimin,
Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake, nganggo sepatu.
Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton
kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing
saiki rada dawa awul awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak
murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku
ora semaput mambu kringet kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo
geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing tuku akeh, kudu mlaku
rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi ora
mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing
padha tuku nang angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak
lan nyenengake. Wong bakulan menawa katon kusut tur mbeyeyet, ora
sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis kebacut
mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin
mbuktekake panglarise bapake uga semangat banget. Esuke, sandhangan sing
arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing banjur disetlika.
Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu
wis dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau
dicepakake, siap dienggo mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh.
Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake
nggawa kanca. Wong loro. Paimin seneng wae, merga saya akeh
kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane sansaya akeh
sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng.
Sajak nikmati olehe mangan. Sing ndeleng kana kene malah kancane sing
loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang Paimin. Suwe-suwe
kok tekan anggone Paimin nyandhang. “Sampeyan bakul nyentrik, Mas.
Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya
ngene, ya ora Mas No,” karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok
sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep wangsulan kok ora ngerti kudu
wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke wis krasa ora
bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika
liwat omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
“Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan niku. Resik, apik.”
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi
panglaris saking Pak niku tho pak,” Paimin karo ngarahke dagune marang
bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng wae. Kancane sing
pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang bapake
karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh,
dheweke nyedhaki Paiman. “Apik mas, seneng aku. Sampeyan wis manut.
Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing sepisan
niku.” Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo
Paimin, sebab dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa
kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik.
Panganane, uga piring lan piranti liyane.Ngendika mangkana bapake
langsung lunga nyusul kanca-kancane. ”Eh mas, natane sing apik,” Wis
karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir
mbokmenawa resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris,
dilakoni wae dening Paimin. Sesuke, angkringane Paimin kinclong tenan.
Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora semrawut. Rada wengi,
bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing
wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget.
Dodolane mesti cepet enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. “Mas,
Min, iki sesuk angkringanmu mesti bakal rame. Mas Min mesti butuh papan
sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada ngalor kana kae. Sisih
kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. “Papan
jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa.
Mengko klasane digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene.”
Bapake njelaske karepe marang Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris
kuwi, bapake ora langsung melu kanca-kancane. Malah ngajak Paimin…,
dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora ajeg. Ngalor
ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa
cerita akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha
omong-omongan nganti suwe. “Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi
kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing tuku nang kene. Kabeh sing
tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis, mung
kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja
ditinggalke. Diugemi terus, saklawase bebakulan,” pituture bapake.
Paimin manthuk-manthuk sinambi mesam mesem, ning ora kumecap.
“Terus kapan kula nampi panglarise, Pak?” pitakone Paimin.
Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel.
Nanging banjur bapake ngedika,” Wis, Mas Min, wis tak turunke. Panglaris
iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya kuwi kunci
bebakulan.”
Nunut
“Mas, sampeyan bakul angkringan, griyane gedhe ngoten, sampeyan gadhah perusahaan napa, Mas?”
Paimin kaget disapa ngono karo pawongan sing jajan nang
angkringane. Paimin eling tenan pawongan iki durung suwe pendhak wengi
jajan nang angkringane. Paimin kelingan wae, wong lungguhe ya nang kursi
angkringane. Ora lesehan kaya liya-liyane. Paimin kelingan, wong jajane
ya ora akeh. Paling sega wungkus thok. Menawa ora loro ya telu. Sajake
wong proyek sing lagi ora duwe dhuwit.
“Wah, sampeyan niku, Mas, bakul angkringan kaya aku, ngedi ana dhuwe omah samono gedhene. Apik sisan.”
“Lha sampeyan rak nggih omah ten mriku. Wong niku, anake
sampeyan olehe njupuki piring nggih mlebu omah niku kok. Napa niku
nggih omahe wong liya, sampeyan nggih blunas blunus kaya neng omahe
dhewe ngoten kok.”
“Ora mas, kuwi dudu omahku, aku mung kon nunggu.”
“Nunggu, tukang kebon maksude. Kok oleh bebakulan.
Mengko menawa lagi dibutuhake terus lagi bakulan, banjur priye,”
pitakone pawongan kuwi mau, sajak bingung.
Paimin sing dasare seneng ngomong, langsung wae crita.
“Kuwi dudu omahku kok mas, aku mung turu nang kono,
kabeh keluargaku oleh mapan nang kono. Kuwi ya ana sejarahe mas, kok aku
nganti bisa mapan nang kono kuwi,” omongane Paimin mbagusi.
Paimin ndisik pancen ora mapan nang ngomah kono.
Sepisanan bakul angkringan ora nang kono. Dheweke ndisik mapan nang
pinggir ndalan. Cedhak Universitas Negri. Nyadong rejeki saka mahasiswa
apa tukang parkir sing seneng jajan nang angkringan. Janjane sing seneng
jajan ora mung mahasiswa. Kabeh-kabeh pawongan sing neng Universitas
Negri kuwi mau, mbuh dosen, mbuh karyawan, ana wae sing seneng pesen
wedhang saka angkringane menawa lagi lembur. Awan-awan wae kadhangan ya
pesen. Malah kadhang njaluk tambah tahu, apa tempe dinggo kanca
wedhangan.
Pak Pembantu Dekan wae, seneng njagong nang angkringane,
ngajaki cerita neka-neka. Paimin ya kenal. Omahe ngendi, sambine apa
wae, Paimin dicritani karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Kadang menawa
ana mahasiswane sing arep ketemu, pingin bimbingan apa ngaturake tugase,
karo Pembantu Dekan kuwi diajak ketemu nang angkringane Paimin. Menawa
sing diajaki ketemonan kancane Pak Pembantu Dekan sing bareng-bareng
anggone golek kerja samben, terus dum-duman hasile, Paimin uga mesti
ketemplokan rejeki. Ana wae sing dibayari mangan lan ngombene karo Pak
Pembantu Dekan kuwi mau. Sanajan sambene kuwi mung nulis, embuh nulis
apa Paimin ora ngerti, nanging jare dhuwite keno dienggo seneng-seneng.
Kena dienggo mbayari kanca-kanca apa mahisiswane sing lagi ora dhuwe
dhuwit.
Paimin seneng bakulan nang kono, seneng sing tuku wong
pinter-pinter. Arepo ora saben-saben jajan ngajaki Paimin cerita,
nanging Paimin bisa ngrungokake. Sinambi ngladeni sinambi ngrugokake.
Paimin nyinau apa wae sing diomongake karo sing padha jajan kuwi mau.
Sanajan ora kabeh omongan bisa dipahami Paimin, nanging Paimin krasa
menawa kawruhe sansaya tambah.
Setengah tahun Paimin dodolan nang papan kono. Tepung
karo karyawan Universitas Negri, tepung karo mahasiswa, lan tepung karo
Pak Pembantu Dekan sing seneng karo cakar pithik, aneh miturute Paimin,
bisa tuku sing luwih ndaging kok sing disenengi cakar pithik. Paimin
menawa ditari milih, rak ya milih dada apa pupu, sing luwih ndaging.
Kabeh mau srawunge apik. Malah karo sing ora dhuwe dhuwit tenan Paimin
olah oleh wae diutangi. Wong urip kuwi wajibe tetulungan. Lagi ana sing
butuh pitulungan, Paimin bisa nulung, ya Paimin nulung. Sapa ngerti
Paimin mengko sing genten butuh pitulungan.
Sawise kira-kira setengah tahun kuwi mau, Pak Pembantu
Dekan njagong nang angkringane banjur menehi kabar. “Kang, sedhelo maneh
kowe ora oleh dodolan nang kene.”
Paimin kaget. Dheweke uwis seneng bakulan nang kono.
Badhi ora akeh-akeh banget nanging Paimin wis rumangsa seneng. Dadi
menawa kudu pindah, Paimin rumangsa gela. Paimin langsung mikir, mesti
kedadeane ora beda karo kanca-kanca sing dodolan nang pinggir-pinggir
dalan liyane. Padha ora oleh bebakulan maneh nang pinggir dalan.
“Jlentrehe pripun tho, Pak, niku, kok kula mboten angsal malih bakulan wonten mriki?” pitakone Paimin njaluk katrangan.
“Jare ya kuwi kang, bakul-bakul ngene iki ngganggu wong mlaku, tur ora rapi.”
Paimin meneng wae. Sanajan gela, nanging dheweke
rumangsa, papan kene dudu dhuweke. Menawa dheweke dikon lungo seka papan
kono, mesti ora bisa nyengkelak. Kudu manute. Kudu lungane. Sanajan
kawit bebakulan dheweke mapan nang kono, dijaluki dhuwit jare dinggo
pajek, dheweke ya menehi, ngono kuwi mau merga dheweke rumansa nunut.
Sewu apa rongewu kuwi disadari, merga papan kono dudu dhuweke. Papan
kono mau dhuweke negara. Arepo jare dheweke sing nduweni negara kae,
ngono miturure mahasiswa sing padha rembugan nang angkringan kono,
nanginging Paimin ora rumangsa nduweki negara. Adoh banget kuwi seka
pamikirane.
“Gek kula pripun niki mangkih nggih, Pak?” Paimin takon sinambi Nggresula.
“Kowe ora usah susah kang. Mengko paling kon lungo rong
sasi maneh. Mengko kowe tak golekke panggon. Aku seneng karo cakarmu
iki. Mengko tak golek papan sing aku gampang nggoleki angkringanmu iki.
Mengko menawa kowe golek dhewe, aku ora bisa nemokake kowe.”
Paimin bungah. Ora usah susah-susah golek panggon
dienggo dodolan. Pak Pembantu Dekan saguh arep nggolekke papan kanggo
dodolan. Tur dheweke seneng isih bisa ketemu karo Pak Pembantu Dekan
sing apikan kuwi mau. Mesti pak Pembantu Dekan kuwi mau bakal njagong
maneh nang angkringane, merga dheweke pancen seneng tenan karo cakare
Paimin. Cakar pithik sing didol Paimin nang angkringane.
“Wis rong minggu, Pak Pembantu Dekan durung menehi
kabar. Dheweke njagong nang angkringan nanging meneng wae ora ngrembuk
bab panggon dodolan. Apa maneh dheweke katon srius rembugan karo
kancane. Paimin ora wani ngganggu. Rong minggu sabanjure malah ora tau
ngetok. Paimin krungu kabar menawa Pak Pembantu Dekan tindhak menyang
luwar kutha. Kurang seminggu wektune Paimin kudu lunga seka papan kono,
Pak Pembantu Dekan lagi ngetok. Ngguya ngguyu sajak ora rumangsa Paimin
nunggu-nunggu.
“Wis oleh papan aku, Kang. Nanging nganu ya, kowe karo
nunggu omahe mbakyuku. Dheweke arep sekolah nang luwar negeri, kabeh
keluargane diajak. Omahe suwung. Dadi omah kuwi karo tunggunen. Mengko
olehmu bakulan nang sanding omahe kana. Urung ana bakul nang kana,
mengko rak suwe-suwe rame. Mengko tak jalukake tulung kancaku men olehmu
bakulan kuwi rame.”
Paimin bungah banget. Ora mung oleh papan dienggo
dodolan. Nanging uga malah oleh omah. “Nggih, pak, maturnuwun.
Maturnuwun sanget. ”Pak Pembantu Dekan mung mesam-mesem ngerti Paimin
sing ujug-ujug sajak prakewuh.
Dina Setu wayahe Paimin Senen wis ora oleh dodolan maneh
nang papan kono, Paimin dhuwe janji karo Pak Pembantu Dekan, arep
niliki omah lan papan anyar sing arep dienggo dodolan. Sisan kabeh
barang-barange digawa menyang papan anyar kuwi mau. Nanging, amarga
Paimin kudu nyurung gerobake, Paimin ora bisa bareng numpak mobil.
Dheweke mlaku. Mung diancer-anceri papan sing arep dituju.
Tekan panggon, Paimin gumun. Omahe gedhe tur apik banget. Latare jembar.
“Iki omahe kang, mengko kowe olehmu dodolan nang ndalan
pojok omah kono. Omah iki tunggunen, resikana sabendina. Anggep
kaya-kaya omahmu dhewe, sesuk menawa sing dhuwe omah kuwi mulih, men
omahe ora ketok nyanyring.”
Paimin semaguh. Sapa ora bungah ketiban rejeki kaya
ngono. Dheweke rumangsa beja, langsung oleh pitulungan ngono. Ora ndadak
susah golek papan. Menawa ora nemu-nemu bisa uga Paimin bali ndisik
menyang Klaten. Leren olehe bebakulan. Sesuk menawa wis ana greget maneh
lagi wiwit maneh anggone bebakulan.
“Ngono kuwi critane Mas. Dadi kuwi pancen dudu omahku.
Aku mung dikon nunggu, soale sing nduwe lagi nang luwar negeri. Jare
rong tahun anggone sekolah. Mengko menawa arep neruske sekolahe berarti
luwih suwe maneh. Wis nggono, bareng aku bebojoan, jare Pak Pembantu
Dekan, bojoku ya oleh mapan kene. Sawise rong tahun jebul ora
mulih-mulih. Malah jare arep saklawase omah nang kono, marga wis oleh
panguripan nang kono. Tekan saiki aku ya mapan nang kene” tembunge
Paimin ngrampungi anggone cerita babagan omah sing saiki dinggo manggon.
Parkir
Angkringan dhuweke Paimin pancen rame. Saben-saben sing
teka mrana nggawa motor utawa mobil. Tekane padha rombongan. Sing padha
nggawa motor apa mobil olehe parkir rapi. Mobil ana sisih lor, ana ing
dalan sing mujur ngetan ngulon. Sepeda motor neng sisih kidul ana ing
dalan sing mujur ngalor ngidul. Paimin olehe dodolan kuwi ana ing
protelon, pojok omah. Ora neng njeron latar. Neng njaban pager pinggir
dalan. Sing padha tuku wae olehe lesehan ana ing njeron latar. Sing
alus, luwih penak tenimbang lesehan ana ing pinggir dalan. Paimin wis
nembung papan sing dienggo lesehan kuwi marang sing nduwe. Latar kuwi
wong wis dikonblok, ora sumelang gemrenjel nglungguhi watu. Digelari
klasa amba-amba dening Paimin, sapa wae sing tuku oleh milih papan
sakarepe, ngendi sing sela.
Dalan sing dienggo dodolan Paimin kuwi dudu dalan
aspalan, dalan mlebu kampung. Mung dalan kono kerep dienggo leliwatan
mobil lan motor sing nyingkiri lampu abang nang ndalan gedhe. Papane
Paimin sing saiki kuwi pancen cedhak karo prapatan. Cedhak karo dalan
kutha kang rame. Saking ramene kerep menawa nunggu lampu ijo, urutan
paling mburi, menawa tekan ngarep lampune wis abang maneh. Sopir kudu
nunggu lampune bali ijo. Sopir sing wis ngerti ana dalan liya sing kena
dienggo liwat, yaiku dalan nang ngendi anggone Paimin dodolan iku mau,
akhire seneng liwat kono. Sanajan dalan kampung lan urung aspalan
nanging dalan kono kuwi mau jembar. Menawa ana sepeda motor sing parkir,
isih longgar dienggo leliwatan. Mbuh kuwi sing liwat mobil utawa motor.
Bab dalan sing dienggo parkir mobil, jarang ana
kendaraan sing lakune mrana, akeh-akehe lurus, arep metu nang dalan
gedhe maneh. Marga liwat kono mung nyingkiri lampu abang. Sing liwat
dalan nang ngendi mobil-mobil kuwi mau parkir, paling tanggane Paimin
sing arep mulih. Ana omah papat apa lima nang kulan omahe Paimin, dalan
kuwi mau banjur buntu ora ana tembuse, menthok neng omah kulon dhewe.
Kawit lagi mapan nganti tekan saiki, Paimin ora tau
ngakon-ngakon sing dhuwe kendaraan supaya parkir rapi kaya mangkana.
Kabeh kuwi mau dilakoni ngono wae karo sing nduwe kendaraan. Ora merga
dikon sapa-sapa, wong Paimin ora duwe tukang parkir, lan ora butuh
tukang parkir. Paimin wis ribet ngurusi dodolan, ora sempat ngurusi
parkiran.
Ewo semono, lagi rong sasi Paimin bakulan nang kono,
dheweke dicedhaki karo wong. Nom-noman sing rada mreman, maksude ndugal
neng daerah kono. Dikira dening Paimin pawongan kuwi mau arep pesen
wedhang, kon ngeterke nang papane rubuk-rubuk. Jebul ora. Nomnoman kuwi
mau komplotane pancen akeh. Wong pitu apa wong sepuluh. Paimin ngerti,
wong komplotan kuwi mau olehe rubuk-rubuk ora adoh saka angkringane.
Mbuh pada rembugan apa. Saben bengi ana wae sing teka nang papan kono.
Paimin ora sapa aruh karo komplotan kuwi mau. Mung menawa disapa wae
Paimin mangsuli, wedi menawa mengko gawe rerusuh marang dheweke.
“Mas angkringanmu sing jajan akeh. Tak parkiri ya,” tembunge.
“Wis rapi ngono mas, kae ora ana sing ngrewangi parkir ya kendaraane ndelehe jejer larik-larik kaya wong baris.”
Paimin ora seneng karo pawongan kuwi. Sajak ora duwe
suba sita. Sandhangane kusut, rambute gondrong awul-awulan. Malah menwa
cedhak banget sajak mambu, kaya-kaya durung adus. Paimin pancen ora
seneng papan kono diparkiri. Wong maem sedhelo wae kok motore kudu isih
mbayari, mobile kudu mbayari. Sawise maem kok, kon mbayari motor,
mbayari mobil, sapa ora anyel. Paimin babar blas ora kepikiran arep
pasang parkir nang papane dodolan. Menawa dodolane wis payu wae, dheweke
wis matur nuwun, syukur karo sing paring rejeki.
Ngerti omongane ora digubris karo Paimin, wong kuwi mau
lunga. Bali menyang papane rubuk-rubuk karo kanca-kancane. Paimin ora
nggatekake. Nganti telung dina dheweke ora diganggu maneh. Bareng wis
patang dina, Wong loro teka nang angkringane. Ngajak rembugan maneh bab
parkiran.
“Menawa diparkiri bisa-bisa sing tuku bubar Mas. Kapok.
Wong mangan kuwi padha anyel menawa mangan wae kudu ditambah bayar
parkiran,” Wangsulane Paimin nalika ditembungi. “Ora mas, aku ora
ngolehi. Wong ya ora tau ana sing kelangan kok, kendaraane dideleh nang
kono.” Paimin ora kenek dirembuki.
“Mas, mbok adum rejeki, tak tariki parkir nang kene.”
“ Ora Mas. Ora arep parkir aku. Biyen nalika aku bakulan
nang sanding Universitas Negri kae aku dijaluki pajek. Saiki aku nang
kene aku ora dijaluki pajek. Wong aku karo tunggu omah kuwi. Nanging,
menawa sampeyan ngarep-arep rejeki, ngene wae, sampeyan sakanca tak
wenehi cakar siji-siji. Saben-saben sing teka saben bengi tak wenehi,
nanging paling akeh aku menehi cakar cacahe mung wong sepuluh, mengko
menawa akeh-akeh aku ora bisa kulakan maneh. Menawa gelem, ya kuwi,
menawa ora gelem, ya uwis. Aku ora ngolehi papan kene diparkiri. Tak
anggep wae kuwi pajek apa sodaqoh. Ngendikane mbahku menawa wong ora tau
sodaqoh, rejekine dipangkas peksa. Bisa ngganggo lelara, trus dhuwite
enthek kanggo ngobatke, bisa kemalingan, bisa omahe kobongan, apa
dhuwite ilang nang ndalan ora karuan,” Paimin isih wangsulan sebab ora
gelem papane dodolan diparkiri. Dheweke khuwatir sing padha tuku kapok
teka nang angkringane.
Saben bengi Paimin pajek cakar nang komplotan
rubuk-rubuk sing diweruhi dipandegani karo si Semprul. Pimpinane diceluk
Semprul merga menawa omogan idune nyumprat sempral semprul. Dheweke
gelem wae diceluk Semprul. Jare jeneng Semprul kuwi malah sangar. Wangun
dienggo meden-medeni. Lan kaya janjine biyen, Paimin olehe menehi cakar
miturut jumlah pawongan. Ana wong pitu, diwenehi pitu, ana wong lima,
diwenehi lima. Menawa ana wong sewelas, Paimin mung menehi sepuluh. Dadi
kudu ana sing ngalah ora keduman.
Pajek cakar kuwi mau dilakoni kira-kira suwene patang
sasi. Paimin ora patio rugi tur ora diganggu karo komplotan rubuk-rubuk
kuwi mau. Sing mulane Paimin wedi menawa dirusuhi, saiki tenang wae.
Komplotan kuwi mau nyatane ora tumindhak kasar. Ora duwe niat ala.
Komplotan kuwi isih nduweni patrap kang becik. Padha-padha ngoleke
rejeki, ngerteni menawa penghasilane saka angkringan ora akeh-akeh
banget. Ora njalari Paimin langsung dadi sugih. Menawa sing rubuk-rubuk
ana wong sewelas, Paimin olehe menehi cakar mung sepuluh, ora ana sing
protes. Malah kepara menawa kepingin tenan, malah tuku. Ora njaluk
kanthi laku kasar. Kadang menawa pesen es teh apa es jeruk, Paimin
mengko sing ngeterke, giliran wedhangane wis rampung, gelas-gelase padha
diterake dhewe-dhewe. Paimin ora usah njupuki dhewe.
Sawise patang sasi, ujug-ujug si Semprul teka dhewe,
moro, nyedhaki Paimin. Biasane ora tau si Semprul kuwi mara. Menawa ana
butuh kongkonan karo kancane liya kang manut wae diprentah-prentah karo
si Semprul. Neng angkringan, si Semprul njagong. Njupuk rokok lan
ngudut. Klepas-klepus meneng wae. Paimin ora nyapa wong lagi ribet
ngladeni sing padha jajan. Ana sing njaluk tempene dibakar dhisik, ana
sing njaluk tambah es, lan liya-liyane.
“Ndingaren tekan kene Bos Semprul, ” sapane Paimin nalika sing jajan wis keladhenan kabeh.
“Iki segane karo apa Kang?” Semprul ora ngatekake sapane
Paimin malah ganti takon. Takon mangkono, sega wungkus kuwi mau
langsung wae dibukak ora nunggu semaure Paimin. Paimin ora semaur merga
ana maneh sing teka njaluk dibakarke sate usus karo bakwan.
“Kang, mreneo ndhisik tha tak kandhani,” Semprul ngawe marang Paimin.
“Napa tha Bos, kok sajak wigati?
“Kene, aku arep ngomong masalah parkir”
Paimin nyedhak lan Semprul langsung nyerocos karo idune
nyumprat-nyumprat. Dheweke menehi kabar menawa saiki sapa wae sing
bebakulan nang tlatah kene, sing rame lan ana penghasilan parkir, kudu
diparkiri. Kuwi mau wis kebijakan saka pemerintah desa. Ora bisa
dieyeli. Kudu diolehi karo sapa wae sing nduweni usaha.Angkringane
Paimin uga salah siji usaha sing kudu diparkiri. Sing luwih baku, papan
dodolane Paimin lan sekitare dadi wilayahe Semprul. Semprul sing nduweni
lan nyekel kuwasa kanggo ngatur parkiran tlatah kana. Paimin malah
diduduhi surate barang saka pemerintah setempat.
Ana ing layang kuwi mau, dijlentrehake apa kabeh sing
diomongake karo si Semprul marang Paimin. Paimin malah diolehi maca
dhewe. Paimin wis ora bisa wangsulan. Kepriye wae bisane mung manut karo
manut. Semprul sawise ngomong ngono meneng wae, sajak menawa ngomong
apa perlune. Ora let suwe malah ngadek, mbayari olehe mangan langsung
arep lungo, ning omongan dhisik, “ Janjane aku seneng dipajeki cakar,
Kang, nanging priye maneh. Kebijakane ora kena dilawan. Sesuk
kanca-kancaku wiwit parkir nang kene. Sampeyan wis ora usah pajek cakar
maneh, sapa wae sing memanganan nang kene kudu mbayar. Menawa ana sing
ora mbayar mengko omongna aku.” Banjur Semprul bali maneh rubuk-rubuk
karo kancane.
Paimin mung bisa gedhek-gedhek. Sesuk sok sapa wae wong sing ndeleh kendaraan nang papan kono kudu mbayar parkir.
Booking
“Makne.”
“Makne.”
“Piye tha, Makne, nek diceluk semaur ya ngapa,” Paimin sajak mangkel bojone diceluk ora semaur-semaur.
“Aku ngantuk Pakne, arep turu. Sesuk esuk kudu blanja.
Iki wis wengi. Sesuk aku tangine kudu mruput, menawa ora mruput menyang
pasar, sesuk nang pasar uyel-uyelan. Aku emoh. Mending aku rada nunggu
bakule tenimbang aku uyel-uyelan nyasaki uwong akeh mung arep njupuk
cakar. Kuwi wae aku wis pesen cakar olehku tuku diwadahke sisan. Blanjan
liyane paling neng nggone bu Gendut rampung. Weh, mau ana apa
celuk-celuk?”
“Jare ngantuk, omongane sak trek metu kabeh.”
“Iya, ana apa. Lha wong ya wis arep turu ngene.”
“Suk senen angkringane dhewe arep dibooking.”
“Apa. Dodol kuping. Kuping apa kuwi. Dumeh dodol cakar
payu, saiki terus arep nganeh-nganehi, arep dodol kuping. Mengko sing
tuku ya sapa.”
“Kupingmu kuwi! Ngene lho….” Paimin banjur cerita.
“Mau, nalika aku sowan nang ndaleme pak Pembantu Dekan
Universitas Negri kanggo nakokake wit jarak latar kae oleh dipapras apa
ora, pak Pembantu Dekan paring kabar. ora, dudu kabar, nawani aku.”
Bab pak Pembantu Dekan kuwi, Inah ngerti, wong kedadean
apa wae kang dilakoni karo Paimin wis diceritakake kabeh marang Inah.
Saking kabehe, Inah mangkel mangkel ngguyu nalika Paimin cerita bab
cita-citane kudu omah nang kutha, ora gelem omah nang ndesa, mulane kudu
oleh bojo wong kutha. Pak Pembantu Dekan kuwi, Inah uga kenal, nalika
dina ijabe karo Paimin, Pak pembantu dekan kuwi uga rawuh. Bapake
grapyak. Ngendikane ceplas-ceplos apa anane. Ewa semana nganti tekan
saiki Paimin karo Inah ora ngerti sapa janjane asmane Pak Pembantu Dekan
kuwi. Malah anake sing ngerteni. Pak Pembantu Dekan kuwi, arepa saiki
wis arang njagong nang angkringane Paimin, menawa ana gawe apa wae sing
mbutuhake Paimin, mesti Paimin diceluk, didhawuhi ngrewangi. Paimin
mesti mangkate. Ora bakal nolak marang apa karepe pak Pembantu Dekan
kuwi.
Semana uga menawa Paimin butuh warah, apa tetimbangan.
Utamane babagan olehe ngrawat omah lan babagan sekolahe anak-anake. Bab,
kepriye wae, omah sing dienggo turu Paimin sakanak bojo kuwi duweke
mbakyune Pak Pembantu Dekan, Paimin mung nunut. Dadi menawa ana apa-apa
sing magepokan karo omah lan pekarangane kuwi mau, Paimin mesti matur
karo pak Pembantu Dekan.
Biyen kae, nalika anake sing mbarep lulus SD, karepe
Paimin wis ora usah nerusake sekolah maneh. Kon ewang-ewang dodolan wae.
Bareng pitakonan karo pak Pembantu Dekan bab sekolahe anake, Paimin
mikir-mikir kok bener apa sing dingendikakake Pak Pembantu Dekan kuwi.
Ngendikane, menawa anake kuwi ora sekolah, ora pinter, sesuk ora bisa
nututi lakune jaman. Menawa ora bisa nututi lakune jaman, mesti uripe
bakal susah. Sebab kuwi anake kudu disekolahake.
Nah, bakda magrib iki mau, Paimin sowan nang ndaleme Pak
Pembantu Dekan. Direwangi ninggalke olehe dodolan. Angkringne ditunggu
bojone direwangi anake loro. Paimin sowan arep nembung menawa wit jarak
mburine dodolan kae arep dipaprasi. Godhonge wis ngrembuyung banget
ngganggu olehe dodolan. Sabenere ora mung kuwi, saiki jarake ana ulere,
kepingine ditegor wae, apa maneh wit kuwi cedhak karo wit pelem sing
lagi arep gedhe. Ngganggu gedhene pelem. Jebul pak Pembantu Dekan malah
ngerteni bab wit pelem sing lagi arep gedhe kuwi mau. Dheweke malah
dhawuh supaya Paimin negor wit jarak kuwi sisan. Ngendikane, wit kuwi
mau kejaba ngganggu gedhene pelem uga ngganggu sawangan seka ngomah nang
ndalan. Paimin seneng wae didhawuhi negor wit jarak kuwi mau, malah
kepeneran.
Kejaba kuwi, Pak Pembantu Dekan nawani, menawa Paimin gelem, angkringane arep dibooking
Universitas Negri. Ngendikane, arep ana tamu sing arep studi banding
seka luwar negeri. Jalaran tamune saka adoh kuwi mau, karepe Universitas
Negri tamu-tamune men ngerteni kabudayan Indonesia, salah sijine sing
arep dipamerake kuwi angkringan. Menawa Paimin ngolehi, angkringane arep
dibooking, diborong kabeh panganane sadodolan, payu ora payu,
mengko neng Universitas Negri kana Paimin mung kari nunggu. Ngladeni
sapa wae sing arep mangan ana angkringane.
“Aku jane seneng-seneng susah, Makne. Seneng mergo nek
ngono kuwi dodolane dhewe mesti payune. Susahe, aku kuwi isih kelingan
jaman samana. Jaman aku dipenging dodolan nang cedhak kana. Arepa saiki
nemu papan dodolan sing ora kalah kepenak kae, nanging wektu lelakon
kuwi kedadean aku rak ya lara ati.” Paimin meneng ngira bojone wis turu.
“Mak!”
“Iya, aku isih ngrungokake”
“Jaman samana kuwi Makne, aku isih bakul anyaran. Bakul sepisanan ya mapan nang cedhak Universitas Negri sing arep mbooking angkringan
kuwi mau. Ya nang kana aku kenal karo Pak Pembantu Dekan, sing nalikane
aku dikon sumingkir terus nggolekke papan dodolan merga dheweke seneng
karo cakar sing takdol kae. Jaman samana nganti tekan saiki rak
bakul-bakul kaya awake dhewe kuwi disia-sia. Bisane golek rejeki kaya
ngene iki, mongko dodolan nang ngendi wae wis mesti taren karo pawongan
sekitar kana, ngerti-ngerti dikon sumingkir. Ngana kuwi apa ya ora kon
lara ati.”
“Ngono kuwi terus karepmu ora gelem dibooking ngono pa priye?”
“Sing jelas aku urung bisa lali karo tumindake…,
tumindhake…, sapa ya….Bakune Universitas Negri kuwi mau. Wong aku biyen
maca layang sing menging sapa wae bakulan nang kana, ditemplekke nang
pager-pager, sing tanda tangan ya pimpinan Universitas Negeri kuwi mau.
Sapa wae sing isih bebakulan keliwat tanggal sing ditentokake,
barang-barange bakal dijaluk karo petugas. Petugas saka ngendi aku ya
ora ngerti. Mbuh saka Universitas Negeri kuwi mau, mbuh saka pemerintah
sing tak kira ora ana bedane. Wong mestine padha rembugan.
Aku isih kelingan, bakul rokok sing mapan nang cedhakku
kae ora cepet oleh papan anyar. Dhisik tau ana kabar nek kabeh bakul
sing dikon sumingkir saka papan sing dilarang bebakulan kuwi diwenehi
papan liya. Sapa sing gelem. Bakul-bakul dipapakke dadi siji ngono nang
papan sing adoh saka wong tuku. Kapan payune. Wis ngono, papan sing
disiapke, rada diapikke kae banjur kon mbayar sing ajine kanggo
bakul-bakul kuwi larang. Kancaku ora ana sing gelem mapan nang kana.
Kabeh golek papan anyar dhewe-dhewe. Bakul rokok sing nganti suwe ora
oleh papan kuwi mesakke banget. Aku isih ketemu dheweke sawise pindahan
menawa aku arep menyang pasar. Aku rak liwat chedak papane turu kana
menawa mangkat nang pasar. Ngerti ora, Makne?”
“Apa?” Bojone Paimin semaur ngganggo suara sing wis
katon arep turu. Bab kuwi dheweke wis tau diceritani Paimin ping sewidak
rolas. Wis males ngrungokake. Bojone kuwi pancen mangkelke. Mung arep
ngomong gelem ora dibooking kanggo acarane Universitas Negeri
kuwi wae, ngganggo sejarah perjuangan. Sejarah perjuangan uripe Paimin.
Ora ngertia dheweke wis ngantuk banget. Njalari mangkel atine.
“Bakul rokok kuwi Makne,” Paimin neruske olehe cerita,
“Nganti arep genep sesasi ora ngapa-ngapa. Ora nemu-nemu papan. Dheweke
susah banget. Mongko menawa kesuwen ora bakulan, dhuwite silak enthek.
Mengko ora bisa kulakan maneh. Olehe njaga men dhuwite ora cepet enthek,
dheweke nganti sedina mangan pisan, sakanane. Nganti kuru banget. Merga
pikiran karo kurang pangan. Dheweke asline luwar Jawa. Dadi ora bisa
mulih. Ora cukup dhuwite dienggo mulih, terus mengko seminggu apa rong
minggu bali mrene maneh.
Biyen kuwi bakul nang cedhak Universitas Negeri kana ana
wong pitu, bakul rokok kuwi mau, bakul pecel lele 3, terus bakul sate,
bakul mie ayam, tambah aku, bakul angkringan. Kabeh kudu lunga. Sing
beja banget kuwi ya mung aku. Nanging aku ngerti kabeh lelakone
kanca-kancaku kuwi mau sawise kon sumingkir. Nelangsa Makne, Nelangsa.”
“Terus kowe gelem ora mau arep dibooking?”
Pitakone bojone Paimin. Anyel kudu bola bali ngrungokake cerita sing
padha, Nanging ya trenyuh atine saben-saben Paimin cerita lelakone
sakanca kuwi mau.
“Aku dhewe urung wangsulan marang Pak Pembantu Dekan.
Pak Pembantu Dekan kuwi pancen apikan. Nanging menawa aku kelingan
lelakonku jaman samana, kok ya aku abot arep ngomong gelem dibooking
karo Universitas Negri kuwi mau. Rasa-rasane kok aku ora sreg.
Kaya-kaya aku kuwi khianat karo nasibe kanca-kancaku menawa aku gelem
ngiyane tawanan kuwi mau.”
“Gelem ora?”
“Embuh Makne, aku saiki arep turu dhisik, ngantuk”.
Lhadalah, iki piye tha, wis cerita nggedupuk, nyaprus,
tiba mburi mak klempus. Malah ora sida diterusake olehe rembugan. Malah
urung oleh pesten wis turu. Inah dadi ilang ngantuke. Anyel karo bojone
sing kebacut nggedupuk, nyaprus, tiba mburi mak klempus. Dheweke kelap
kelip, ngglebak ngiwa ngglebak nengen ora bisa cepet turu. Ujug-ujug,
mbakmenawa olehe kelara-lara kegawa turu, Paimin nyuwara ora sadar, “Aku
emoh dibooking, Makne!”
HP
Wis bola-bali Paimin ngomong karo Inah bab karepe arep
tuku HP. Dheweke kepingin kanca-kancane sing wis padha duwe HP. Biyen
mono HP isih larang. Sing nyekel HP mung wong-wong sing dhuwite akeh.
Penghasilane gedhe. Bakul kaya Paimin ngendi ana sing nduweni HP. Biyen
kuwi ora kabeh uwang cekelan HP. HP isih arang Biyen merek HP sing mlebu
Indonesia urung akeh kaya saiki. Saiki merek HP neka-neka, jenise uga
neka-neka, regane uga neka-neka. Ana sing murah ana sing larang. Pokok
regane saingan. Kaya-kaya malah murah-murahan, sebab golek pelanggan.
Sapa wae saiki wis cekelan HP. Bocah-bocah SMP jalukane
HP, SMA apa maneh. Sansaya bocah kuliahan sing adoh saka wong tuwa.
Rata-rata budhal saka asale digawani HP. Khawatir menawa mengko ana
apa-apa. Disangoni HP supayane bisa cepet kirim kabar. Ora ngertia kuwi
marakake anak ora mandiri. Sithik sithik sms. Sithik-sithik telpun.
Kapan ana masalah bisa dirampungi dhewe menawa mangkono kuwi mau carane.
Saiki wis ora jaman kabar-kabaran liwat surat. Kabare
sms-an. Apa telpun. Ora mangsa maneh ngendepke pikiran lan pengalaman
lewat tulisan. Ana masalah sithik langsung sms-an. Ana apa-apa ora
dipikir dhisik, langsung telpun. Malah menawa bocah isih cilik, pikirane
isih cekak, kedadeane bisa luwih mrihatini maneh. Kaya kae, si Lela,
anake tanggane, nganti ora gelem sekolah menawa dheweke ora ditukokake
HP. Jare kanca-kancane kabeh wis duwe HP. Mung dheweke sing durung duwe.
Dheweke isin, ndeweki ora dhuwe HP. Kaya-kaya dheweke kuwi paling kere
sakanca. Kaya-kaya wong tuwane ora kuat nukokake HP. Lela mutung, gelem
sekolah menawa wis ditukokake HP. Lela ngerti, wong tuwane ora bakal
kere mung nukokake dheweke HP. Bapak ibune nyekel HP dhewe-dhewe. Wong
kabeh dhuwe pagawean dhewe-dhewe. Saben dina wong tuwane mesti lelungan
nang papan panggaweane. Lela krasa diumbar. Ora digatekake karo wong
tuwane. Njaluk HP wae ora dituruti. Apa maneh dheweke rumangsa anak
siji-sijine. Bakune, dheweke kudu nyekel HP kaya kanca-kancane.
Menawa ditakoni arep dienggo ngapa, semaure ya
mbingungi. Ora jelas. Wong saben dina nang sekolahan ketemu karo
kanca-kancane. Menawa ana masalah bisa dirembug ana ing sekolahan.
Urusane paling-paling bab pelajaran, apa maneh. Wong tuwane mono,
cekelan HP lantaran panggaweane pancen mbutuhake kuwi. Urusan kantore
akeh, dadi butuh HP dienggo ngrampungi gawean. Dituturi karo wong
tuwane, Lela wis ora manut. Wis ora mikir maneh dhuwe HP kuwi mengko
migunani kanggo apa tumrap dheweke. Bakune dheweke dhuwe HP kaya kancane
titik. Akhire wong tuwane ora bisa selak. Bisane mung nuruti karepe
anak, tinimbang anak ora sekolah.
Saiki kahanan pancen wis bedha. Bocah sekolah cekelane
HP. Bakul-bakul nututi cekelan HP. Kabeh bakul rata-rata wis cekelan HP.
Kancanane Paimin ya ngono. Sing dhuwe warung kae, kang Bejo, biyen ora
duwe HP. Kang bejo kuwi, saliyane ngladeni wong sing tuku moro nang
warung, uga ngladeni sing pesen maem kon ngeterke, ketring. Pas
dheweke ngeterke ketring, trus takok sesuk pesen maneh apa ora, malah
ditakoni nomer HPne pira. Jare arep disms mengko bengi, sesuk arep pesen
maneh apa ora. Kang Bejo ya bingung. Wong dheweke ora dhuwe HP kok
ditakoni nomer HP. Margo akeh langganan sing kaya mangkono, mula kang
Bejo nuli-nuli tuku HP.
Dina-dina iki Paimin sing mbanyaki arep tuku HP. Bojone nganti bengeng ngrungokake omongane Paimin bab pepinginane arep tuku HP.
“Tuku HP ki arep dienggo ngapa tha Pakne. Nganti kaya
gawehani ki juragan angkringan sing duwe angkringan nang ngendi-endi.
Lha wong angkringane mung siji. Tepunge ya mung karo bakul cakar. Karo
wong pasar. Saben dina ya ketemu wong kudu njupuk barang nang pasar.
Ngono kok sajak akeh urusan, arep dhuwe HP barang. Mbok ya dipikir
menawa dhuwe pepinginan kuwi. Gunane apa. Menawa ora ana gunane, mung
dienggo gegojekan karo kanca, mbok ya rasah dhuwe HP kae ngapa. Menawa
mung arep dienggo mbagusi wae, wis ora usah tuku HP.”
Inah sing ora setuju karo karepe Paimin grenengan dewe
ora karu-karuan. Menawa anak-anake, setuju wae bapake tuku HP. Jare
mengko men bisa nyilih dienggo sms kancane, nakokake pe-er menawa ora
bisa njawab. Margo kuwi, anake, loro-lorone mbujuki bapake supayane
cepet-cepet tuku HP. Kancanane wis akeh sing dhuwe HP. Malah wis
dicatheti kabeh nomer-nomere. Mengko menawa bapake wis tuku HP bisa
cepet-cepet sms kanca-kancane kuwi mau.
Inah, tetep karo panemune. HP kuwi ora akeh gunane
tumrap keluargane. Malah mengko anake ora padha tau sinau. Menawa ora
bisa nggarap pe-er langsung sms kancane. Bisa-bisa olehe sms-an ora
tekne angel pe-er-e ning margo males ora gelem mbukak buku wae.
“Apa ya ora njalari bodho menawa ngono kuwi,” ujare Inah.
Anak-anake ora padha ngrungokake pituture Makne,
kepingine ya bapake dhuwe HP. Malah janji-janji ora bakal lali sinau.
Pokoke menawa jalaran ora bisa-bisa tenan ora bakal takon masalah pr
marang kanca-kancane. Arep takon mung nek babar blas ora bisa nggarap.
Bocah loro kuwi mau pancen klop. Kaya mimi lan mintuna. Kompak. Ngalor,
ngalor kabeh. Ngidul, ngidul kabeh. Samono uga bab HP. Kompak, mbiyantu
bapake mbujuki Inah men ngolehake bapake tuku HP.
Inah anyel, saben-saben bapak sak anak rembugane bab HP.
Ora awan ora mbengi. Pokoke ora ngerti wayah. Sithik-sithik HP. Hp
maneh, HP maneh. Paimin dhewe ora wani terang-terangan ngomong bab HP
marang Inah, mung sepisan. Nalika pepinginan kuwi nyedhul mak trucul
nang pikirane ora kena diampet maneh. Kawit sepisanan kuwi Inah wis ora
setuju. Maido terus apa sing diomongake karo Paimin. Rembugane ora
nganti rampung. Durung-durung Inah wis ora setuju. Paimin durung rampung
olehe omongan, wis disauri karo Inah. Bola bali arep ngomong, lagi wae
ngomong arep tuku HP, durung dijlentrehake arep dienggo ngopo, wis
diwangsuli karo Inah. Inah menawa wis ngomong rak ya borongan. Ora kena
distop menawa dudu karepe dhewe. Kadhang wis ditinggal lungo, menawa
durung enthek apa sing arep diomongake, ya durung mandhek olehe omongan.
Ngomong dhewe. Kadhang nganti ora rumongsa wis ora ana sapa-sapa maneh
nang sandingne. menawa wis ngerti ditinggal lunga, suarane dilirihke.
Grundelan dhewe.
Awan kuwi, anak-anake padha lagi wae mulih sekolah.
Lingguhan karo bapake sinambi nyuweki kertas sing arep dienggo mungkusi
sega.
“Pak, kapan mundut HP?” pitakone anake sing gedhe.
“Inggih Pak. Bapak pripun tha. Ngendikane badhe mundhut
HP. Kok pun dangu sanget dereng sios-sios anggenipun badhe mundhut niku
kepripun. Janjane, sios bhoten bapak niku badhe mundhut HP?” anake sing
cilik nimbrung pitakone mbakyune.”
“Enggal-enggal kemawon mundhute HP nggih, Pak. Kula
sakniki kathah pe-er, saniki sampun ajeng ulangan semesteran, dados
kathah pe-er. Pe-er-e angel-angel, Pak. Mangkih menawi kula mboten saget
nggarap pripun? tanglete dateng rencang pripun? Menawi mboten saget
tanglet, trus mboten saget nggarap, tiba mburi biji kula mboten sae
pripun? Nanging estu lho, Pak, kula pareng ngampil menawi bapak mangkih
kagungan HP.” anake sing gedhe nambahi olehe matur.
“Inggih pak, kula nggih selak kepingin nyekel HP. Kajenge boten ketinggalan jaman, Pak,” ujare anake sing cilik mbujuki maneh.
“Eh, Wit, jajal kowe matura marang makmu kana. Wis
ngolehi durung,” Paimin kongkon anake sing cilik. Pancen Paimin ora wani
ngomong maneh bab HP marang bojone. Menawa lagi kekandhan bab HP karo
anak-anake wae, swarane lirih-lirih menawa Inah ana nang cedhake. Sebab,
menawa Inah krungu sithik wae Paimin isih ngotak atik perkara HP, orao
diajak rembugan kae, Inah bakal melu-melu lan ngomong sadawane. Dadi
Paimin wanine ngethik anake supaya anake sing ngomong karo Makne.
Pikire, suwening-suwe bojone kuwi bakal luluh lan ngolehke Paimin tuku
HP. Sebab liya, Paimin ora sansaya ndadi kekarepane, margo sawise
dipikir-pikir, dheweke mbenerake apa sing saben dina digrundelake bojone
kuwi.
Dikethik bapake ngono, anake sing cilik mangkat tenan. Dheweke nang ndapur, nyedhaki makne sing lagi daden geni.
“Mak, tak matur tha Mak.”
“Ana apa Wit, apa wis rampung olehmu ewang-ewang, kok wis mrene.”
“Nganu, mbenjang tha Mak,”
“Apa. HP maneh. Kowe kuwi saben dina sing dirembug kok,
HP.” Durung rampung anake olehe arep matur, wis disauri karo Inah.
Sebab, Sanajan Paimin olehe kongkon klesik-klesik, jebul Inah krunggu,
sebab pas Paimin ngethik anake mau, Inah mbutuhake rek sing bar dienggo
udut Paimin. Rek kuwi, dideleh lincak cedhak olehe padha nyuweki kertas
kana mau.
“Mbenjang tha Mak,” anake kuwi mau, nrucul wae omongane arepa Inah sajak mengkak.
“Mbenjang tha Mak, menawi sampun gadhah HP, Mamak saget
sms-an saben dinten kalih mbah putri lan mbah kakung. Wong mbah putri
nggih kagungan HP. Mangkeh menawi kinten-kinten cakare kirang, Mamak
saget sms nyuwun dienggehi. Riyin nika, pas cakare kirang, wong jare
kersane dodolan namung bar magrib dugi ndalu margi badhe tilik tiyang
sakit trus mboten sios, Mamak gage tindhak pasar jebul pun telas.
Ngendikane mbah putri cakare nembe mawon telase. Menawi saderenge budhal
sms riyin rak cakare saget dienggehake kaliyan mbah putri. Ajenga
ingkang mande cakar simbahe piyambak nika, rak nggih mboten pirsa menawi
cakare kirang, dados nggih disade dateng piyantun sanes. Napa malih
simbah putri kaliyan simbah kakung menika namun kekalih wonten ndalem.
Mangkih menawi kangen rak saged sms. Menawi mamak kangen simbah nggih
saget telpun.”
“Wit, Wit, omahe simbahmu kae rak ya mung cedhak. Mlaku
ya tekan. Menawa kangen ya bisa mara, mlakune ora nganti jam-jaman. Bab
cakar ora kena dienggo alasan, wong ora saben dina ana lelakon kaya
mangkono. Wis kana, rasah motar matur bab HP maneh. Bapakmu ki pancen
kok,” ngomong ngono kuwi Inah ora mandhek anggone manggawean. Wiwit sing
wis apal lagone Makne langsung lunga, bali melu bapake. Menawa wis
ngono kuwi mamake wis ora kena diajak rembugan maneh.
“Ngendika piyambak Pak, kalih Mamak. Wong Mamak mboten mirengke leh kula matur kok,” tembung anake kanthi rupa nyuntrut.
Paimin meneng wae ora semaur. Keluarga menawa ora kompak
kabeh rak kuwi ora luwes, bisa-bisa mung njalari masalah tiba mburine,
batine Paimin.
Mundhak
“Mas Proyek, sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur
bablas mlayu wae. Nika kurang sampeyan mbayare.” Uwong sing sajake lagi
proyek lan dina-dina iki pendhak wengi jajan nang angkringane Paimin
jebul teka maneh bengi kuwi. Lingguhe isih tetep nang kursi biasane.
Dadi nalika teka Paimin bisa langsung nyapa. Paimin apal, kelingan wae.
Disapa mas Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong
dheweke pancen lagi kerja nang proyek tenan. Rumangsa kenal karo tukang
angkringan. Ewa semana dheweke uga wangsulan.
“Wah, sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane
nggih samonten. Kula bola-bali jajan mriki nggih sampeyan protese namung
sakniki. Wingi-wingi sampeyan mendhel mawon. Niku rak berarti sampeyan
gawe-gawe. Kula mbayare nggih sami.” Pawongan kuwi mau sajak ora trima
diomongi menawa olehe mbayar wingi kurang.
“Sampeyan wingi ngulungke artha langsung ngeplas bablas
ora tolah-toleh ana wong celuk-celuk. Kula rak wingi nyeluki, ngomong
menawi sampeyan mbayare kirang.”
“Lha enggih, kula niku selak ajeng teng wingking. Pun
ora kuat malih nahan. Genahe pripun niku.” Bab alasan cepet-cepet lunga
dheweke ngapusi wong satenane dheweke selak kepingin ngombe. Nanging
rumangsa wingi nalika sawise mbayar dheweke ngeplas sakbare ngulungke
dhuwit, dheweke ngakoni wae.
“ Njenengan kedah nambahi kirange wingi, sampeyan wingi
ngulungke artha samenten tha,”muni ngono Paimin karo nuduhake dhuwit.
“Niki nggih arthane sampeyan, taksih tak simpen. Tak duduhke sampeyan
saniki. Niki kirang niki,” Paimin nuduhake dhuwit sing wingi diulungake
dening pawongan kuwi.
Ngerti dhuwite wingi isih disimpen, dhuwite pancen kaya
ngono, wis lusuh, pawongan kuwi ora bisa selak. “Enggih samonten,
biasane kula mbayare nggih samonten.”
“Biasane pancen samonten, nanging kawit wingi regane rak
mindhak, dados sampeyan mbayare kirang. Sampeyan ngeplas, diceluk-celuk
bab mbayare kirang, bablas mawon,” semaure Paimin seru,
nggenah-nggenahake.
“ O, dados regine mindhak.”
“Mindhak, barang-barang saniki larang kabeh. Beras larang, lengo larang, niku sebabe dodolan kula regine nggih mindhak.”
Paimin mau sakawan-awan krungu anggone bojone grundelan.
Dheweke isih mangkel, sebab bojone olehe omongan ora meneng-meneng.
Saiki ana papan dienggo muntapke mangkele, ya digunakake. Pawongan kuwi
mau rumangsa salah, diocehi Paimin, ya ora bisa selak. Malah olehe
mangan alon-alon, wis ngono ndingkluk wae ora mlirak mlirik kaya
biasane.
Bojone Paimin, si Inah, sakawan dhek ora nglerenke
kuping. Arep ora dirungokake, lha olehe grenengan seru-seru. Ana ing
sisih ngendi wae kepara isih rungu. Bisa uga tanggane kiwa tengen padha
krungu.
“Beras mundhak, barang-barang mundhak. Sesuk nek ora
bisa kulakan, wong kaya ngene iki rak ora bisa dodolan. Jare pemerintah
kuwi duwe menteri ekonomi sing pinter, nanging njaga reregan ora mundhak
wae ora bisa. Menterine kuwi terus gawehane ngapa? Menawa ngundhakake
rega wae aku yo bisa. Menawa ngono carane, wis ora usah golek mentri
sing pinter-pinter. Kabeh uwong menawa kur pasang rega wae rak ya bisa.
Dhuwe pemerintah kuwi sejatine supaya bisa ngayomi
rakyat ngene iki. Supaya ora perlu saingan urip karo wong sing wis
kelair sugih. Lair procot warisane wis atusan juta. Kepriye wae menawa
wong cilik bisane kuwi mung ngalah. Nanging mbok ya ora banget-banget.
Dumeh wong cilik biasa ngalah wae dikalahke terus-terusan. Ora tau
dibelani kepentingane. Mengko, ngerti-ngerti, arep bangun apa, iuran.
Sithik-sithik swadaya. Trus pajek-pajek kae dingandekake.
Beras kae. Jare negara iki penghasil beras. Lha kok
bisa-bisane beras regane mundhak ora ketulungan. Biyen wayahe panen,
wong tani kae yo dikon adol nang pemerintah, pemerintah nukoni berase
wong tani, olehe nuku regane ya ora cucuk karo ragat sing wis dikecakke
karo wong tani. Jare berase arep disimpen. Mengko sawayah-wayah butuh
wong cilik oleh nuku beras kuwi. Lha endi saiki. Simpenane bisa-bisa
didol melu rega sing wis dhuwur. Sengaja golek badhi. Lha nek mung bisa
mbadi rakyate dewe wae ora usah padha gembagus. Ngono kuwi rak jenenge
ora becus.”
Wis ngomong nrucus ora mandhek-mandhek kuwi, si Inah isih nerusake maneh.
“Nang TV kae si A ngomong ngene, si B ngomong ngono.
Sing bener banjur sing endi. Kabeh-kabeh ngomong thok. Janji-janji mung
padha lamis, ora ana sing dinyatakake. Sajake mung padha pinter-pinteran
ngomong. Mengko bisane mrentek-mrentek. Kabeh-kabeh disalahake,
kabeh-kabeh digawa-gawa. Sing angkutane susah. Sing dalane bolong-bolong
aspale ora alus. Sing iki. Sing kuwi. Sing ngene. Sing ngono. Nyalahke
kana nyalahke kene. Ora padha ngrumangsani salahe dhewe-dhewe. Ora padha
rembugan bareng-bareng kepriye apike tumrap wong akeh. Golek apike
dhewe, golek benere dhewe. Golek amrih bathine.
Penggedhe kok saya suwe sansaya ora bisa dinut. Omongane
padha mencla mencle. Esok abang awan kuning, kaya bunglon wae. Dadi
penggedhe kuwi rak kudune kaya wong tuwa momong anak. Sing tansah
dipikir lan diupayakake kepriye amrih becike anak. Lha menawa wong tuwa
ora mikirke anak maneh, kapan anake bisa gedhe. Ngono kuwi rak jenenge
wong tuwa mburu senenge dhewe. Saru. Ora patut ditiru. Aja turun anak
putu.
Menawa dadi penggedhe kuwi sing tansah dipikir awake
dhewe, kuwi jenenge durung siap dadi penggedhe. Apa maneh menawa sing
diburu kuwi kandonyan. Diangkat dadi penggedhe kuwi rak sapa wonge sing
siap lahir batin. Siap lahir kuwi dene kudu gagah dedeg piadege supaya
sapa wong sing mbutuhake dheweke, dheweke tansah sumadyo. Siap batin
kuwi ateges lila legawa gawe senenge wong akeh. Kadhang tansah ngalahake
kekarepane. Ngono kuwi lagi jenenge penggedhe. Wong sing aweh
pangayoman.”
Menawa ora kudu nang mburi marga kebelet, Inah paling
urung leren anggone grundelan. Ngerti Inah meneng, Paimin krasa lega.
Nanging mangkele isih kegawa nalika wis dodolan. Malah nganti tekan
wengi mangkel kuwi mau urung kelair. Isih ngganjel. Saiki kepeneran, ana
pawongan sing bisa didadekake panggon numplekake mangkele. Paimin dadi
ketularan bojone, nrucus ora karu-karuan.
“Priye maneh, Mas Proyek. Kabeh bahan sing didadekake
panganan nang kene iki bahane mundhak. Menawa ora melu ngundhakake rega
tenehan rugi. Sesuk ora bisa kulakan maneh. Wingi mawon, nalika reregan
nembe mundhak, ndalu saderenge olehe dodolan regane nggih padha biasane,
akhire ora sida badhi. Olehe dhuwit kabeh mung dienggo kulakan. Dados
ampun nyalahke kula menawi sakniki reregan ten angkringan mriki nggih
melu-melu mundhak,” ujare Paimin.
“Kula mboten nyalahake njenengan kok, niku pun limrah.
Reregan wonten mriki ngetutke reregan liyane,” pawongan kuwi semaur,
olehe ngomong diterusake.
“Waduh, ning kula nambahi kirangge mbenjang nggih, niki
kula mbetane artha namung ngepas. Kula pun kebacut mangan cakar. Menawi
kula mboten mangan cakar janjane nggih saget nambahi sakniki. Cakare
niki regine nggih mindhak napa?”
“Enggih, cakare nggih mindhak, lha wong pakan pithik
nggih melu-melu mindhak. Ora pangane manungsa thok sik mundhak, pangan
pithik uga mundhak.”
“Waduh, berarti,” ngomong karo sajak khuwatir, pawongan
kuwi ngetokake dhuwite. “berarti dhuwitku kurang maneh, Mas. Niki kula
nggawane samenten. Mbenjang nggih kirange.”
Paimin sing wis kewetu kabeh mangkele sajak sareh. Wis
ora nrucus maneh. “ora apa-apa, Mas Proyek. Sesuk olehe nambahi ora
apa-apa. Mas Proyek, sesuk mriki malih tha….”